October 13, 2016

[Ibadah] Turu

wayah poso wingi, saben dina Kasdut angger awan mesti merem. turu. padahal yahmono kui wayahe wong nyambut gawe. merga gemes, Senthun banjur marani Kasdut sing lagi mlungker.

karo nyablek bokonge Kasdut, Senthun ngomong "heh, kowe ki wayahe mbutgawe kok malah turu wae"

Kasdut sing melek merga kaget diceblek mau, karo ngucek-ngucek mripate banjur nyaut "aku ki lagi ibadah kang, malah kok ganggu"

"maksute?", takone Senthun

"jare sing tau tak rungokke, turune wong pasa ki pada karo ibadah. lha kerja ki ya ibadah. dadi aku kerja nyambi turu, ki artine ibadahku dobel. ngono lho kang", sautane Kasdut karo mlungker meneh

"o bocah ndelul! kenthir! sakkarepe dhewe!", Senthun ngomel karo menyat lunga ninggal Kasdut sing wis ngorok turu nglepus.

No comments:

Post a Comment

Alibi

"Carane ngene lho, Dhe.  Misale awakmu entuk PR matematika tapi ora iso nggarap,  awakmu gaweo masalah liya ben soal PR matematikamu ma...