Showing posts with label mimpi. Show all posts
Showing posts with label mimpi. Show all posts

October 11, 2016

Fanatik

esok-esok Kasdut wes mulai nggosip, jarene: "Senthun kui terkenal fanatik karo barang-barang sing disenengi. contone, ndhekne nek ning warung tuku odol ya muni tuku pepsoden, padahal sing digawa muleh close up. tuku mi ya ngono, kandhane tuku sarimi, nanging sing dicangking mau indomi. malah iki mau ketemu ning dalan kono nuntun motore, jare arep ndandakno hondane, padahal motore kan yamaha"

aku angger meneng ae, karo nglirik gedhang goreng ning piring sing karek siji thok. ameh tak jupuk kok ewoh

Karma

"yang kaualami adalah upah yang kauterima dari apa yang sudah kaulakukan. makanya kalau makan tebu itu ya ampasnya dibuang setelah kauhisap manisnya, jangan kautelan sekalian ampasnya", kata Senthun menasihati Kasdut yang meringis menahan pusing. Gembil dan Gembul dengan cueknya nonton ria jenaka.

Ikhlas

caturan ning warung kopine Senthun

Kasdut takon marang Senthun, "kang, ikhlas iku sing kepiye?"
Senthun mangsuli, "lha ana apa to, kok dingaren takon bab mengkono barang"

Kasdut, "halah, sampeyan ki lho. ditakoni malah balik takon. ora ana papa kang. mung pengen ngerti"
Senthun, "conto gampange ikhlas iku, upamane awakmu ngising trus ora mbok eling-eling apa sing wes mbok tokno iku mau".

Kasdut manthuk-manthuk, terus nyruput kopine.

October 10, 2016

Alibi

"Carane ngene lho, Dhe.  Misale awakmu entuk PR matematika tapi ora iso nggarap,  awakmu gaweo masalah liya ben soal PR matematikamu ma...